Pancene wis diakoni lek arek Suroboyo iku mbanyolan, gak ndhik omah, tandhang gawe utowo cangkruk. Lha banyolan sing onok ndhik blog iki asale yo seko ngrungokno omongane konco-konco, sanak kadhang lan tonggo teparo. Embuh mbujuk opo temenan aku yo gak njamin, sing penting lucu yo tak catet. Banyolan-banyolan iki yo wis tau disebarno ndhik mailing list Suroboyoan pimpinan Cak Mujaya Kertadi.

Wednesday 23 May 2007

Humor Suroboyo Jilid 1

Bagian 1 – Cerito Khayal


1 -Salesman

Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko ndik omahku.

Ewangku sik durung sempat ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.

Jarene ngene ''Wis pokok’e Buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak isok nyedot, tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku."

Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel ta ngemploke ?".

"Lho opok’o masalae ?'' salesmane takok.

"Lha peno gak ndhelok ta lek saiki lampu mati ..."


2 - Rasa Stroberi ta . . .?


Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.

Sing pertama maju anake pedagang bunga. Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek, "Isine kembang yo....".

"Seratus buat bu guru.." jare anak’e pedagang bunga.

Sing kedua maju anak’e wong dhodhol mracang. Ambek bu gurune kadone
dikocok-kocok. Wah iki rodok angel mbedheke, pikire.
"Isine permen yo...".

"Pinter bu guru.." jare anak’e wong dhodhol mracang.

Mari ngono, maju anak’e wong dhodhol es krim. Pas kadone diangkat, dhadhak netes. Ambek bu gurune tetesane diincipi.

"Es krime rasa anggur yo..." jare bu gurune kemeruh.

"Salah..." jare arek’e.

"Rasa stroberi ta...?" bu gurune kemeruh maneh.

"Salah .." jare arek’e.

"Wis aku nyerah, rasa opo sih iku" takok bu gurune.

"Isine anak’e asu kok bu guru..."


3 -Ngentutan

Yuk Jah lungo perikso nang dokter.

"Opo’o sampeyan ning ?'' Jare doktere.

Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan.
Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha iki pas aku lungguh ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut. Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok ngentutan ".

"Oh, ngono ta.. Lek ngono tebusen resep iki. Seminggu maneh mbaliko rene maneh" jare doktere.

Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.

"Wis enakan ta ?" takok doktere.

"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki kok
ambune malih bosok gak karuan. Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi untunge entutku sik tetep gak muni", jare yuk Jah.

"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh. Saiki tebusen resep iki
yo" jare doktere.

"Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.

"Obat kopok.."


4 -Lobang

Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing. Moro-moro Nasip ndhelok onok lobang guedhe.

"Kri, ayok dites jerune sak piro se lobang iki" jare Nasip.

Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang mau.
Sui gak onok suorone blas...

"Whuik jerune...," jare Sakri

"Watune kurang gedhe be'e, cobak kelopo" jare Nasip.

Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik lobang.
Sepiii gak onok suorone....

"Whuik jerune...," jare Sakri

"Sik, golek sing luwih gedhe maneh," jare Nasip.

Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel sepur.
Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu lobang.
Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone...

"Cik jerune lobang iki.." jare Sakri

Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk arek loro.
Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing kecemplung lobang.

Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok nang arek loro iku.

"He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku ta ? Tak bacok’e wonge !!!'',
takok Wak Dri.

"Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung lobang iku" jare Nasip.

"Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak cancang ndhik betone rel sepur kok "


5 -Avtur

Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda bagian pengisian BBM pesawat.

Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani mudhun, wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.

"Adem-adem ngene enak’e ngombe yo" jare Uwar.

"Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu ta lek avtur iku isok diombe ?" jare
Joko.

"Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss !!..kon wani nyobak ta ?" Uwar mulai gunggungan.

Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur.
Wis tuwuk ngombe arek loro iku mulih terus keturon.

Isuke pas Uwar tangi, rasane awak’e sueger kuat.
Moro-moro onok tilpun muni, tibak’e Joko sing nilpun.

"Yok opo kon War..?" jare Joko

"Wah whuenak, kon yok opo ?" jare Uwar.

"Awakku yo sueger pisan. Kon gak teler ta ?" jare Joko.

"Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokok’e enak. Mene nyobak maneh ta"?" jare Uwar.

"Yo gak popo se, cumak aku kate takok, kon wis ngentut dhurung ?" takok Joko.

"Dhurung.." jare Uwar.

"Wah gawat iki. Wis pokok’e kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae sak
kuatmu. ." jare Joko.

"Lho opok’o masalae ..?" Uwar bingung.

"Soale aku saiki ndhik Banjarmasin.."


6 -Argowilis

Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo Bandung.

Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketok’ane termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacak’ane.

Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah, umure sekitar
20an.

Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo
tanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an.

Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketok’ane
rocker.

Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem.
Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi
petengan pol. Wong papat iku malih meneng kabeh.

Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong
dikaplok PLAK..!!!.
Wis mari ngono sepi maneh.

Sing ibu-ibu iku mau mbatin," Wah hebat arek wedhok sebelahku iki, isok
menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan".

Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan,"Gak salah ta sing ngesun mau
iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun".

Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok melok
mbatin pisan,"Jangkrik, gak melok ngesun tapi kenek kaplok. Dikiro aku
pengecut ta, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung aku".

Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan,"Kapan maneh rek,
isok ngaplok kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun mau iku tanganku dhewe".


7 - MbahJo

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge
sampek dipasangi selang.
Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo mueneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip.

Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno.
Pas Mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-mggap gak isok
ambekan, raine pucet, tangane gemeter.
Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.

Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek
megap-megap, Mbah Jo nulis surat.
Karo siso-siso tenogone Mbah Jo ngekekno surate iku mau nang Pak Mudhine.
Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire Pak Mudhin.
Mari ngesaki surat Pak Mudhin nerusno ndungone.

Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, Mbah Jo iku wonge apikan.

Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe'e nganggo klambi batik
sing digawe pas mbah Jo mangkat.
Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku
rek, pikire Pak Mudhin.

"Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak
sampekno nang peno kabeh. Lek ndhelok Mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate".

Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sak’e, bareng diwoco tibak’e munine..

HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU !!!


8 -Jin

Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat ngaso ndhik ngisore wit asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge luwe.
Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole
dijupuk dhadhak metu beluk’e, Kayat mencolot kuaget.

"Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti,"jare
jine.

"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki ngguanteng lan
sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki
ambek jin" jare Kayat.

"Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin apik’an ta, dhadhi wis gak usah khawatir.
Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis ta gak rugi pokok’e.
Lek gak percoyo, coba’en dhisik ae njaluk opo" jare jine maneh.

"Yo wis, awas lek awakmu mbujuk’i. Tak gibheng koen !!!. Sing pertama, aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung," jare Kayat

"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro ndhik ngarepe
Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.

"Sik gak percoyo ta awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?" jare jine.

"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokok’e lengkap sak sembarange." jarene Kayat.

"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro Kayat wis nang
njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.

"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing
temenan cik gak getun" jare jine.

Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk, "Aku kepingin kulitku malih
putih wudho dirubung wong wedhok akeh".

Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai curiga.

Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis
dhadhi tahu. . .


Bagian 2– Urip Bebojoan


1– Kaspo thok ! ! !

Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk.
Mari tuku rokok, dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare biyen.
Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas bengi.

"Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku. Aku njaluk wedhakmu sithik." jare Sudjak ndhik bekas pacare.

Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.

"Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong ta ?" bojone mulai purik.

"Ngene lho dhik, mari tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak sirsiran sampek lali mulih" jare Sudjak.

"Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik ndhelok tanganmu!!!" jare bojone Sudjak.

Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh.

"Kaspo thok . .!!! Mene sampek konangan karambol maneh awas koen yo!!!"


2 –“Rp. 200,000”


Sore-sore jam telu onok tamu teko omahe Cak No.

"Kulo nuwun. Aku Kusen ning. Cacakmu onok ta ?" jare tamune.

"Sik durung mulih.. diluk ngkas paling, pinarak sik Cak.." jare bojone Cak No.

Mari ngono arek loro malih asik ngobrol ambek ngenteni Cak No mulih.
"Sik tah ning, lek tak sawang-sawang sampeyan iku ayu lho athik seksi pisan'' Kusen mulai ngerayu.

"Peno jok macem-macem lho, tak kandakno bojoku tebhal sampeyan" jare bojone Cak No.

"Ngene lho ning, aku wis gak tahan maneh. Lek aku oleh sun pipi sampeyan
pisan ae, dhuwik satus ewu iki jupuk’en" jare Kusen ambek ngetokno seket
ewuan loro.

Pikire bojone Cak No, mek disun thok ae, gak kiro konangan, opo maneh jamane krismon lak lumayan ta.

"Yo wis, tapi diluk ae yo". jare bojone Cak No. Mari ngesun, Kusen ngekekno dhuwike.

"Tapi ning, aku sik gak lego lek gak ngesun karo-karone. Lek oleh ngesun
sithok’e, tak ke’i satus ewu maneh" jare Kusen.

Pikire bojone Cak No, yo gak opo-opo se, paling mek diluk koyok mau. Mari
ngesun, Kusen ngetokno satus ewu maneh.
Bojone Cak No sueneng gak karuan, "Sing iki pisan cak... gae bonus", jarene.

Mari ngono Kusen terus pamitan alasane kesuwen ngenteni Cak No gak teko-teko soale katene arep onok urusan liyo.

Gak sui, Cak No mulih. "Cak mau onok konco sampeyan teko jenenge Kusen, wonge antik pol.." bojone cerito.

"Oh iyo pancen mbethik arek iku.. Jarene kate nyaur utang rong atus ewu, wis
dibayar ta ?."


3 –Mulih Gasik


Munawar, Sapari ambek Kelik kerjo ndhik pabrik paralon.
Arek telu iki wis sui koncoan apik, cumak sayang Kelik wonge rodhok ndlahom sitik.

Arek telu iki niteni, ben dino bosse mesti mulih ndhisik’i, jam loro awan
ngono wis amblas.
Sui-sui arek telu iki mangkel kate melok-melok.
"Wis ngene ae rek, mene lek boss mulih awan, kene yo melok mulih awan pisan" jare Munawar.

Menene temenan, jam loro awan bosse wis mulih. Langsung ae arek telu iku
melok amblas.

Munawar gak mulih tapi langsung nang bengkel mbenakno sekok sepeda montore.

Lek Sapari mek salin thok terus budhal mancing.

Kelik thok sing mulih omah, langsung njujug kamar.
Lawang kamare dibukak alon-alon, karepe kate ngageti bojone.
Dhadhak malah Kelik dhewe sing kaget.
Masalae pas lawange dibukak Kelik ndhelok bojone lagek turu ambek bosse.
Mari ndhelok ngono, Kelik nutup lawange maneh alon-alon terus minggat.

Menene Sapari ngejak mulih gasik maneh, "Lumayan rek aku wingi oleh tombro gedhe-gedhe".

"Ayok wis, aku tak melok kon mancing ae" jare Munawar.

Kelik thok sing gak gelem "Gak wis, gathik!!!. Kapok aku".

"Lho opoko kon iku.?" takok konco-koncone.

"Soale wingi aku meh konangan bos..."


4 -Babaran

Bojone Turkan mbobhot gedhe, wis kari ngitung dino.
Jare konco-koncone, onok dukun sakti jenenge Wak So sing isok mindahno
lorone wong ngelairno seko ibuke ndhik bapake jabang bayi.
Mergo kepingin nyenengno bojo, Turkan manut opo jare konco-koncone.
Pas wis wayahe, Turkan ngeterno bojone ndhik nggone Wak So.

Karo Wak So, Turkan ditakoni kiro-kiro sak piro kuate nanggung lorone wong
babaran.
Gawe permulaan Turkan njaluk seprapat dhisik.
Ambek Wak So, Turkan sikile dicancang tali rafia terus dikongkon cekelan
amben sing kuat, soale masio mek seprapat, lorone wis gak ketulungan.

Mari moco aji-aji, Wak So mulai mindahno lorone bojone Turkan sing wis
tambah mules.
Tibake Turkan menter gak bengok-bengok blas. Wak So bingung, cik kuate arek iki.
Malah Turkan njaluk ditambah maneh lorone.
Ambek Wak So dipindahno maneh lorone sampek separo.
Tibake Turkan tetep menter gak keroso loro blas.
Mergo sik keroso kuat, Turkan njaluk ditambah maneh lorone sampek telung
prapat.

Masio bingung Wak So tetep nuruti panjaluke Turkan iku.
Tibake Turkan sik pancet menter, cumak rodhok pucet sitik.
Jarene Turkan, "Wis Wak So, lorone kekno aku kabeh ae, cik bojoku gak usah ngerasakno loro blas".

Mari ambekan dhowo, Wak So ngepolno tenogone gawe mindahno lorone ndhik Turkan kabeh.
Gak sui ngono bayeke langsung lahir.
Bojone Turkan ketok seger mergo gak loro blas, bayeke yo seger, Turkan yo
sik isok mesam-mesem.
Ambek Wak So, Turkan disalami, "Hebat awakmu nak".
Gak sui Turkan sak keluarga pamitan mulih.

Bareng katene mlebu montor, supire Turkan digugah mueneng ae, tibake wis
mati .....


5 –Bakul Bakwan

Enak-enak turu tengah wengi, anak’e Cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen.
"Aku ngimpi mbah Kakung mati ..." jare anake.
"Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi" jare cak Srondhol.

Isuke onok interlokal ngabari lek Bapak’e Cak Srondhol kenek serangan jantung, mati.

Minggu ngarepe, anak’e nangis maneh tengah wengi.
"Aku ngimpi mbah Putri mati...." jare anake.
"Wis ta percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh" jare Cak Srondhol.

Menene onok interlokal maneh lek ibuk’e Cak Srondhol tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.

Mari pitung dhinone ibuk’e, anak’e nangis maneh tengah wengi.
"Aku mimpi bapakku mati... " jare anak’e.
"Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh" jare Cak Srondhol.

Mari anak’e turu maneh, genti Cak Srondhol sing gak isok turu.
Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.

Isuk’e bojone Cak Srondhol genti sing nangis berok-berok.
"Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare Cak Srondhol.

"Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati...."


6 -Purik

Sumar pas enak-enak nontok bal-balan ndhik tv, moro-moro bojone ngeriwuki
"Cak, lampu terase pedhot, tulung pasangno sing anyar po'o".

"Masang lampu ?!!!. Koen kiro aku iki PLN ta...!!! " jare Sumar
muring-muring.

"Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung benakno kran banyu ndhik jeding
po'o cak, eman banyune amber-amber" takok bojone maneh.

"Mbenakno kran ?!!!. Koen kiro aku iki PDAM ta ...!!! " jare Sumar ambek
menteleng.

"Lengo gase yo entek pisan Cak, lek sampeyan tuku rokok aku tulung tukokno
pisan po'o cak.."

"Dikandani jek nambeng ae arek iki, koen kiro aku iki PERTAMINA ta..!!! "
Sumar tambah mangkel.

Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat nontok bal-balan ndhik omahe
koncone.

Mulih jam loro isuk, Sumar kaget terase wis padhang. Pas wisuh ndhik jeding
banyune yo wis gak amber maneh.
Sumar yo ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi full.

Isuk’e Sumar takok ambek bojone sopo sing nulungi.

"Ngene lo Cak, mari sampeyan minggat mau, aku nuangis ndhik ngarep omah. Mari ngono onok arek lanang ngguanteng teko. De'e takok opoko kok nangis. Aku yo cerito lek lampuku pedhot, kranku bocor, lengo gasku entek, bojoku purik. Lha de'e nawakno kate nulungi cumak onok sarate.... " bojone cerito.

"Opo sarate ?" Sumar mulai curiga.

"Sarate iku aku isok milih, nggawekno roti utowo nglencer karo de'e " jare
bojone.

"Lha terus kon gawekno roti opo..? " Sumar takok maneh.

"Nggawekno roti ?!!!. Sampeyan kiro aku iki Pabrik Roti ta !!!..."


Bagian 3 – Wonokairun ambek Bunali

1– Ngumbah Kucing

Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.

“Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?” takok Bunali.

“Aku katene ngumbah kucing” jare Wonokairun.

“Gak salah tah Mbah.” Bunali bingung.

“Iyo soale kucingku akeh tumone.” Jare Wonokairun.

“Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah” Bunali ngilingno.

“Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo” jare Wonokairun.

Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.

Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.

“Yok opo kucing sampeyan Mbah ?” takok Bunali.

“Kucingku mati “ jare Wonokairun.

“Lho lak temen ta... Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.

“Kucingku mati gak mergo rinso” jare Wonokairun njelasno.

“Opok’o lho ??” Bunali gak sabar.

“Tak peres . . . .”


2 – Y uy u

Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.

"Mbah. Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah ? " takok Bunali.

"Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh. " jare Wonokairun.

"Lho kok isok ?" jare Bunali.

"Sing pertama mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun

"Lha sing kedua ?" takok Bunali

"Sing kedua mati nguntal yuyu. " jare Wonokairun.

"Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan " jare Bunali kemeruh.

"Gak. Matine mergo tak gibheng." jare Wonokairun.

"Lho opoko ?" takok Bunali.

"Soale gak gelem nguntal yuyu . . ."


3 -Mancing

Sore-sore mari udhan, Wonokairun mancing nang got cilik ndhik ngarepe warunge Mbok Ten.
Ambek rokok’an klobhot, Wonokairun ndhodhok sarungan nyekeli pancinge.

Wong-wong sing katene andhok mesti ndhelok Wonokairun.
Onok sing sakno, onok sing kudhu ngguyu, onok sing ngiro wong gendheng, yo onok sing cuek ae.

Gak sui Bunali teko katene andhok pisan. Bareng ndhelok Wonokairun koyok ngono langsung gak mentolo.

"Mbah, ayok melok aku mangan, wis ta tak bayari ojok kuwatir. " jare Bunali.

Pertama Wonokairun isin-isin gak gelem, tapi mari dibujuk-bujuk akhire gelem.
"Sampeyan pesen panganan opo ae sak senenge," jare Bunali.

Mari mangan warek, Bunali ngejak Wonokairun ngobrol.

"Sampeyan mancing ndhik peceren kono mau mosok onok iwak’e ?" takok Bunali.

"Yo onok rek !! Lek gak, lha lapo tak belani ndhodhok sarungan sak uwen-uwen. " jare Wonokairun.

"Mosok se Mbah. Wis oleh iwak piro Sampeyan ?" jare Bunali gak percoyo.

"Awakmu sing ke limo . . ."


4 -Minimarket

Wonokairun blonjo ndhik minimarket cedhek omahe.
Sing dituku tibak’e daging kalengan gawe pakane kucing.
Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire.

"Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe kucing.
Aku khawatir lek tibak’e pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe." jare Bunali, kasire.

Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalik’e nggendhong kucing dipamerno ndhik Bunali.
"Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.

Sisuk’e Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit balung pakane asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.

"Mbah, sampeyan ndhuwe asu ta ?. Aku khawatir lek tibak’e pakan asu iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire.

Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalik’e nuntun asu dipamerno ndhik Bunali.
"Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit balung gawe asune.

Sisuk’e Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nyangking kerdus bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji.

"Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo ta ? " jare Bunali.

"Iki isine dhudhuk ulo. Coba’en tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno. Wis ta, tak jamin gak bakal nyatek. " jare Wonokairun.

Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire Bunali kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus.
Tibake njerone onok gembuk-gembuk’e. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak.

Bunali misuh-misuh gak karuan, " Jamput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek."

"Saiki, oleh ta aku tuku tisu kamar mandi ? ".


5 -Pikun

Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek napuki sirahe.
Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung mandhek nakoni.

"Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok Bunali.

"Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik enom, ayu, semlohe. " jare Wonokairun ambek nangis.

"Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. " Bunali mulaibingung.

"Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae karinjaluk, jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. "jare Wonokairun.

"Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. " Bunali tambah bingung.

"Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. " jare Wonokairun maneh.

"Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung gak mari-mari ?" Bunali wis gak sabar meneh.

"Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . . ."


Bagian 4 - Romlah


1 -Kulit Mungsuh Kulit


Pak Imron ndhuwe anak wedok jenenge Romlah. Anak’e iki waduh, uwayune pol.

Selain iku Pak Imron yo nduwe pembantu jenenge Soleh. Pembantune iki arek’e mbethik.

Masio Nakal tapi Soleh iku arek’e sregep, dikongkon sembuarang mesti gelem.
Lha Soleh iku wis suwe ngesir Romlah. Berhubung de'e cumak pembantu dadi Soleh gak wani nggudho langsung.

Akhire Soleh oleh kesempatan. Pas Romlah turu ndhik kamar, Bapak’e Romlah nyeluk Soleh tekok kamare,
"Leh . . Soleh, Bapak jupukno sandal ndhik kamare Romlah cepetan".

"Iyo pak, tak jupukno" jare Soleh, mari ngono Soleh mlebu nang kamare Romlah

"Lah . . Romlah, aku dikongkon Bapak ngesun pipimu" jare Soleh.

Romlah kaget lan gak percoyo, "Leh.. koen ojok kurang ajar lho. Engkok koen tak kandakno Bapak."

Soleh terus mbengok banter," Pak..pak.. Romlah gak gelem pak."

Bapake Romlah emosi dibengoki Soleh, mari ngono ngomong banter,
"Romlah kekno ae, ojo mbantah perintahe Bapak."

Romlah terpaksa manut, terus pipine disun karo Soleh.

Mari ngesun pipine Romlah, Soleh njupuk sandale terus mblayu nang kamare Bapak, "Pak.. pak, iki lho sandal sampeyan," jare Soleh.

Mari ngono Pak Imron metu tekok kamar. Pak Imron kaget ndhelok Romlah nangis, "Lah.. Romlah awakmu opok’o kok nangis".

"Aku mari diambung karo Soleh", jare Romlah.

"Opoo !!!" jare Bapak’e Romlah ngamuk, saking ngamuk’e sampek ngentut duuut.
"Leh ... koen kok wani-wanine ngambung Romlah !!!".

"Pak .. pak, sampeyan ngono ae kok ngamuk, iki lak cuma kulit mongso kulit " jare Soleh.

Akhire Bapake Romlah gak sidho ngamuk didem-demi Soleh.

Gak suwe ibuk’e Romlah mulih tekan pasar. Ibuk’e Romlah kaget pisan ndhelok Romlah nangis.
Bareng ngerti lek Romlah diambung Soleh, Ibuk’e Romlah terus muntap, duren sing sik tas dituku dijupuk terus digebekno nang raine Soleh.

Soleh nangis gerung-gerung ngrasakno lorone. Mari ngono Bapak’e Romlah ngomong nang Soleh, "Leh… Soleh, iku lak cumak kulit mongso kulit. Mosok ngono ae wis nangis".

"Pancene sampeyan iku gendeng Pak !! " jare Soleh ambek nangis.


2 – Gantine Soleh


Mari raine digebeg duren, akhire Soleh njaluk metu. Mari ngono, Pak Imron oleh babu anyar jenenge Sutaji. Lha Sutaji iku awake dempal cumak wonge ndlahom, lek diperintah musti ngelakonine kewalik.

Isuk-isuk, Romlah ambek mbok’e ngrasani Sutaji.
"Mak, ewange Bapak iku lho wuantik poll wonge. Wingi lak dikongkon Bapak ngedhuk sumur cik tambah jeru, lha terus lempunge digawe nguruk pekarangan.
Lha pas sore kate ngangsu, Bapak iku muring-muring nggolek’i sumure gak onok. Tibak’e jare Sutaji, sumure wis diuruk roto. Pekarangane sing malah bogang kabeh.
Ngono Bapak gak wani nyeneni, jarene wedhi digibheng ".

Mbok’e Romlah cerito pisan.
"Iku sik gak sepiro, lha wingi iku Sutaji tak kongkon tuku pithik. Aku pesen tulung brutune buak’en, terus susuk’e simpenen ngisore bantalku.
Dhadhak pas aku katene turu, bantalku kok mbendhol. Tibak’e bantalku diganjel brutu. Bareng tak takoni endhi dhuwik susuk’e. Wis tak buak, jarene."

Pas enak-enak cerito, moro-moro krungu suoro Pak Imron berok-berok ndhik pawon.
"Tulung ! ! Tulung ! ! "

"Waduh blaen iki. Age cepetan, bapakmu selak mlonyoh kabeh" jare mbok’e Romlah.

"Lho Bapak lak sik mbangkong se" jare Romlah.

"Iyo. Tapi Sutaji mau tak kongkon nggodhok pohong gawe sarapane Bapakmu !!".


3 –Nginceng

Kamut, Gempil ambek Togog enak-enak cangkruk sore-sore.
Moro-moro Romlah, anak’e Pak Imron, liwat numpak sepeda.
Arek telu iku langsung ngowoh ndhelok Romlah.

"Arek ayune koyok ngono lek turu yok opo yo ?" jare Kamut.
"Lek turu yo merem rek. Lak mosok koyok koen, lek turu nyengir koyok jaran" jare Gempil.
"Maksudku, klamben ta gak ngono lho" jare Kamut.
"Lek ngono, engkok bengi diinceng ta ?" jare Gempil gunggungan.
"Wah iyo wis, tepak rek" jare Kamut.

Lha Togog iku awake gedhe tapi wonge gocik.
"Gak melok-melok aku. Mbok’e sangar rek. Kapanane Soleh digebeg duren raine bundhas kabeh" jare Togog.

"Omahe lak tingkat. Ngene ae. Awakmu lak gedhe ta. Tugasmu nggendhong aku ambek Gempil. Aku sing ndhik ndukur.
Lek wis ketok, aku nyeritakno nang Gempil, terus Gempil nyeritakno nang koen." jare Kamut maneh.

"Yo wis setuju." mari ngono arek telu iku buyar ngenteni bengi.

Bengine, sesuai rencana Togog sing paling ngisor, mari ngono Gempil ndhik tengah terus Kamut paling ndukur.

"Arek’e lagi surian" Kamut mulai cerito.
"Arek’e lagi surian" Gempil nerusno ndhik Togog.
"Yo tah?" jarene Togog.

"Arek’e lagi bukak klambi" Kamut mulai cerito.
"Arek’e lagi bukak klambi" Gempil nerusno ndhik Togog.
"Mosok se ?" jarene Togog, ambek sikile mulai kemeng.

Moro-moro Togog ndhelok onok sentolop seko kadhoan.
"He rek onok Hansip, age cepetan" mari ngono arek telu iku semburat ndhelik.

Mari ngono, Hansipe nggoleki gak ketemu. Onoke mek karung telu.
Ambek Hansipe karunge disuadhuk.
Sing pertama isine Kamut, pas disadhuk munine "Meeoong."
"Oooh kucing tibak’e" pikire hansipe

Sing ke loro isine Gempil, pas disadhuk munine "Guk..guk!."
"Oooh kirik tibak’e"

Lha sing terakhir isine Togog, bingung katene muni opo.
Bareng disadhuk dhadhak munine " Kentaaang !".


4 -Telulas


Sore-sore Sutaji mlebu omah berok-berok, ambek raine ditutupi. Sak omah melok gupuh kabeh.
Ambek Mbok’e Romlah ditakoki, "Opoko awakmu iku, pencilakan koyok tandhak bedhes ?"

Sutaji gak langsung njawab, pas tangane dibukak raine bundhas abang kabeh. Lambene njedhir getien.
Mari diombeni banyu, Sutaji rodhok adem terus isok cerito ndhik Romlah.

"Ngene lho. Aku lak mari ngandangno wedhuse Bapak ta. Lha aku krungu akeh arek cilik-cilik bengok-bengok ambek kotek’an ngene..telulas teng tengteng... telulas crek crek crek... telulas teng teng teng . . . teruuus ae dibolan-baleni. Tak golek’i suarane tibak’e ndhik njero gerdu hansip. Tak dhelok gedheke bolong persis sak ndhasku.

Saking penasaran onok opo, gerdhune tak cedhek’i, tibake suorone tambah banter... telulas teng teng teng ... telulas crek crek crek ...terus ae.

Tak pikir paling iku arek-arek lagi totoan. Lagek ae ndhas ku njengongok ndhik bolongan iku mau, moro-moro arek-arek iku nggepuki raiku ambek kulit duren, godhong blarak, sapu, panci gosong, kentes hansip sembarang kalir sampek bundhas kabeh koyok ngene. Pas aku isok narik ndhasku, aku langsung plencing, mlayu sipat kuping.

Lha mari ngono arek-arek iku mau mbengok maneh . .pat belas teng tengteng... pat belas crek crek crek...pat belas teng teng teng"


5 -Maling


Mari ngunci kandang sapi, Sutaji mergoki onok arek menek ondho katene mlebu kamare Romlah.
Ambek Sutaji, ondhone digedrok-gedrok sampek malinge ceblok.
Mari ngono, malinge diseret dilebokno kandang ndhik mburi omah.

Mari klambine dicopoti kabeh, malinge iku mau dicancang nang cagak.
"Kapokmu kapan !!, mene isuk tak lapurno juraganku, saiki turuo ae sing kepenak" jare Sutaji.

Isuke Sutaji ngejak Bapake Romlah marani maling sing dicancang Sutaji.
Bareng diparani tibake malinge semaput, awake pucet, peok, ambune basin, ambek dhodhone abhang kabeh.
"Lho Ji, iki lak Togog sing mbiyen nginceng anakku. Waduh saknone arek iki Ji, mari kon kelamuti tah ?".

"Lha lapo aku ngelamuti maling !!!, sampeyan takokno dhewe ae nang areke".

Mari diguyang banyu, malinge tangi maneh. "Opoko kon iku Le?" jare Bapake Romlah.

"Ampun Pak... sak wengi aku bengok-bengok gak onok sing nulungi. Pedhet sampeyan iku gak onok mbok’e ta ?".


6 – MoLimo


Mari dikelamuti pedhet, Togog dilapurno nang polisi ambek Bapak’e Romlah.
Ambek polisine Togog terus dilebokno penjara.

Tibak’e penjarane wonge sangar-sangar, brewok’an, dempal-dempal akeh tatone.
Isine kiro-kiro satus, onok preman, jagal, bromocorah, korak, lan sak panunggalane.
Togog malih wedhi, opo maneh durung tau mlebu penjara.

Pas wayahe antri mangan, Togog mulai oleh konco.

"Awakmu wong anyar yo ?" jare konco anyar iku.

"Iyo . . ." jare Togog.

"Wis gak usah pusing, ndhik penjara iku malah enak. Mangan ditanggung, klambi dijatah, turu gak mbayar.
Opo maneh ndhik penjara iki awakmu isok nglakoni sing jenenge Mo Limo sak tuwukmu." jare koncone Togog.

"Lho cik enak’e. Opo ae acarane ndhik kene ? takon Togog.

"Bengi iki malem Senen, acarane maling. Kabeh Napi ndhik kene saling copet-copetan. Lha dhuwik’e terus digawe main malem Seloso sesok.
Awakmu arek anyar kudhu isok nyopet dhuwik sing akeh, mergone biasane arek anyar sing dikongkon dhadhi bandare ", jare koncone Togog.

"Oo gak masalah iku, ndhik kampung aku tau dhadhi bandar buntutan.Tapi lek digerebeg polisi yok opo ?" jare Togog.

"Katene digerebeg yok opo maneh, wong awakmu wis ndhik penjara. Lha malem Rebone iku acarane ngombe. Biasane arek anyar koyok awakmu dikongkon ngentekno bir limang botol", jare koncone Togog.

"Oo gak masalah iku, sepuluh botol ae sik kuat aku" jare Togog.

"Mari ngono, malem Kemise iku acarane madhat. Pokoke sembarang onok, ganja, sabu-sabu, heroin, sak tuwukmu", jare koncone Togog.

"Wah tepak wis, lek aku senenge sabu-sabu. Tapi lek kecekel polisi yok opo ?", jare Togog.

"Lek awakmu nyabu ndhik hotel, pasti digerebeg terus dilebokno penjara. Lha wong awakmu wis ndhik penjara, katene dilebokno endhi maneh. Wis ta, pokok’e aman." jare koncone Togog.

"Wah sip lek ngono. Lha malem Jum'at acarane opo ? jare Togog.

"Awakmu homo ta dhudhuk ?" takon koncone Togog.

"Ngawur ae, aku iki normal rek !!! " jare Togog.

"Wah berat iki Cak ", jare koncone Togog.

"Lho opok’o masalahe ? " takon Togog.

"Soale malem Jum'at, malem Sabtu ambek malem Minggu iku acarane madhon. Lha biasane arek anyar iku sing dhadhi wedhok’e ".

4 comments:

Jeffrey said...

Saya menikmati humor Suroboyoan ini. Terima kasih dan semoga masih banyak lagi humor yang ditambahkan.
Untuk kebaikan, sub judulnya perlu sedikit dikoreksi "Jus for laughs".

Komang Jaya said...

Wah bagus banget humornya mas, mau ikutan gabung di komunitas humor indonesia ? alamatnya di http://idonbiu.com disini kita bisa lihat humor juga bisa ngirim humor. Saya sangat mengharapkan kontribusi anda, demi hidupnya tawa di indonesia.

cara-blog said...

mantab dan bagus banget nich blognya, kunjungan balik ya bro di download ebook gratis =p

Muhammad Alvian Ghurry said...

profilnya ato contact person yg bisa di hubungi ada ga si empunya ini?! :D